SINOM
Tumraping wong tanah Jawi
Wong Agung ing Ngeksianda
Panembahan Senapati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nenpsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyas ing sasama
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~
Ing pojok wetan sang surya
Nyungging sinom dadi peni
Kagubet embun rumeksa
Dening Hyang Murbeng Dumadi
Raga jiniret ati
Seka perbawaning esuk
Manuksma suluk angga
Kang wang-sinawang mranani
Tibane prana sarwa sulih prasaja
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~
- Amenangi jaman édan
- Éwuh aya ing pambudi
- Milu édan nora tahan
- Yèn tan milu anglakoni
- Boya kaduman melik
- Kaliren wekasanipun
- Ndilalah karsa Allah
- Begja-begjané kang lali
- Luwih begja kang éling lawan waspada
0 komentar:
Posting Komentar